MC BASA JAWA "PERINGATAN ISRA' MI'RAJ NABI MUHAMMAD SAW"

 Assalamu'alaikum Wr Wb

Bismillahirrahmanirrahim

Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wabihi nasta’inu ‘alaa umuriddunya waddiin. Wassholatu wassalamu ‘alaa asyrofil mursaliin, wa’alaa aalihi wa sohbihi ajma’iin. Amma ba’du.

Ingkang kinurmatan Kepala Madrasah Aliyah NU Ibtidaul Falah, Bapak Drs. H. M. Saifuddin Zuhri, M.Pd

Ingkang kinurmatan Bapak Ibu Guru kaliyan staff Madrasah Aliyah NU Ibtidaul Falah Kudus engkang kawulo mulyaaken.

Ingkang kinurmatan Bapak utawi Ibu Guru engkang ndampingi acara Peringatan Isra’ Mi’raj enjing puniko, Bapak / Ibu ………………………

Lan sedoyo rencang-rencang kelas XI IPA 1 ingkang tansah kawula sayangi.

    Langkung rumiyin sumonggo kita sami-sami ngaturaken Raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan arupi kenikmatan iman lan islam sehingga wonten ing enjing punika kito saged makempal wonten ing kelas XI IPA 1 Kanti sehat wal'afiyat mboten wonten alangan satunggaling punopo.

Sholawat Soho salam mugi tansah Kito aturaken dumateng Bendoro kito Rosulullah Muhammad SAW ingkang sampun mbeto umatipun sangking zaman Jahiliah tumuju Maring zaman Islamiyyah. Amin Allahumma Amin

Rencang-rencang engkang kulo sayangi, Wonten mriki kawula kajibah minongko pranata acara badhe ngaturaken runtutipun adicoro wonten ing enjing punika.

1.    Ingkang sepindah pembukaan

2.    Ingkang kaping kalih waosan ayat suci Al-Qur'an

3.    Ingkang kaping tigo waosan Tahlil

4.    Ingkang kaping sekawan waosan sholawat nabi  Al-Barjanji

5.    Ingkang kaping gangsal Istirahat

6.    Ingkang kaping enem Khitobah

7.    Ingkang kaping pitu Do’a

8.    Lan ingkang pungkasan panutup

Poro rencang-rencang  ingkang sami minulyo

Sumonggo adicoro wonten ing enjang puniko Kito wiwiti Kanti waosan Ummul kitab suratul Fatihah, mugi-mugi Allah SWT tetep Paring barokah sehingga lampahing adicoro puniko saged lumampah Kanti Sampurno. Ala Hadiniyyah Al-fatihah

Matur nuwun, selajengipun acara ingkang kaping kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang badhe dipun aturaken dening sahabat.................. Dumateng sahabat .......... Kawulo sumanggaaken.

Mutur nuwun, Mugi-mugi Kanti waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an meniko saged nambah imanipun Kawulo lan panjenengan sedoyo. Amin Allahumma Amin

Ngancik acara ingkang kaping tigo waosan Tahlil ingkang badhe dipun pimpin dening sahabat........Dumateng sahabat....... Kawula sumanggaaken.

Matur suwun, Mugi-mugi kanti waosan tahlil meniko arwah-arwah ingkang sampun kasebat kalawau dipun paringi Maghfiroh dening Allah SWT. Amin

Acara selajengipun inggih meniko sholawat nabi kan Al-Barjanji ingkang badhe dipun pimpin dening sahabat......... Dumateng sahabat................... kawula sumanggaaken.

Matur suwun. Mugi-mugi Kanti waosan sholawat nabi lan Al-Barjanji meniko Kito sedoyo pikantuk syafaat sangking Rosulullah Muhammad SAW benjang wonten ing Yaumil Qiyamah. Amin

Acara selajengipun inggih meniko istirahat, dumateng rencang-rencang bagian konsumsi, kulo sumanggaaken bagiake konsumsi. Monggo, Sahabat-sahabat, saget dipun rahabi sak wontene.

Alhamdulillah acara istirahat sampun kito lampahi, dilanjutaken acara engkang kito tunggu-tunggu enggih puniko Khitobah. Dumatheng sahabat........... Kawulo sumanggaaken.

Matur suwun. Mugi-mugi Kanti mirengake Khitobah kito sedoyo saget mendet hikmah peristiwa Isra’ Mi’raj lan saklajengipun kito saget makempal kaliyan Baginda Rosulullah Muhammad SAW benjang wonten ing Yaumil Qiyamah. Amin

Acara selajengipun inggih meniko Do’a ingkang badhe dipun pimpin dening sahabat......... Dumateng sahabat................... kawula sumanggaaken.

Matur suwun. Mugi-mugi Kanti Do’a meniko Kito sedoyo pikantuk Rohmat saking Allah benjang wonten ing Yaumil Qiyamah. Amin

Sahabat-sahabat XI IPA 1 engkang kulo sayangi,

Mekaten menggah runtutipun adicara mulai awal ngantos pungkasanipun. Kawula minangka pranata acara nyuwun agungipun samudra pangaksami menawi wonten atur ingkang kirang sae dumateng penggalih panjenengan sedoyo. Monggo, kito tutup acara enjing puniko kanti waosan sholawat nariyah. ( Maos Sholawat Nariyah.)

Matursuwun.

Akhirul Kalam Wallahul Muwafiq ila Aqwamith Thoriq

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Puri Maerokoco, TMII-nya Jawa Tengah yang Luput dari Perhatian Publik

PALUI DAN NGUNGU

DO'A